Neng sawiji deso sing roto-roto masyarakate petani sing lumayan sengsoro lan rekoso, ing masjid ono tengah deso sing cukup mewah (mepet sawah) karo kepengurusan takmir sing lumayan modern tapi masyarakat isih kentel karo adat khas pedesaan, jum'at iki yo koyo jum'at biasane jama'ah yo mung warga desa iku-iku wae roto-roto sarung lencu klambi lusek songkok ireng kemerah-merahan saking suwene.
Tapi ono sing bedo jum'at kali ini, Imame bon-bonan, nyewa ustad soko luar kota dikon dadi khotib ngisi khutbah jum'ah. Yo mung takmir sing bangga karo kehadiran sang ustadz, maklum bayarane lumayan ngoreti kotak amal mesjid. sedangkan bagi warga yoiku para jama'ah jum'at sing hadir gak ono bedane, tetep wae gak peduli, akeh sing theklak-thekluk naliko khutbah dimulai, ngantuk, malah ono sing terang terangan turu' karo melodi indah suara dengkur sing alus mendesir, iso dimaklumi angger ora memproduksi aqua.
Alhamdulilah seh ono sing peduli ing ngrungokne sang ustad sewaan berkhutbah, khutbah karo bahasa indonesia sing apik lan bener, padahal sing dikhutbahi iku masyarakat ndeso, utun, sing biasa karo kata misuh, ing tengah khutbahnya sang ustad menyapa jama'ah, "Para hadirin jama'ah jum'ah yang berbahagia....."
Seorang jama'ah sing lumayan nyimak maki ing jero ati," Berbahagia ndiasmu kui, tanduran podo mati gak ono sing panen kok berbahagia"
Beberapa saat kemudian sang ustad berkata... "Kaum muslimin yang dimulyakan oleh Alloh SWT, kita itu harus selalu bersabar..."
Jama'ah liyo sing gak turu yo nggrundel ing jero atine, "Bersabar dengkulmu kui, sengsorone urip koyo ngene mbatek ae kon sabar..."
Sang ustad melanjutkan khutbahnya, " mari kita perbanyak sedekah..."
Jamaah liyane maneh yo misoh-misoh dalam hati, "Sedekah cocotmu kui, utang gak lunas-lunas, anak wayae mbayar sekolah, SPP nunggak, gak ndue duit kok malah kon sedekah?? awak iki kudune disedekahi, ora kok malah dikongkon sedekah ki piye to...??"
Sing luweh parah ono sing ngrogoh hape banjur apdet status facebook...